- “Pengalaman Kang Ora Bisa Tak Lalekno5”
Dening : Sinta Ayudiya Ariani
Opo aku kudu terus meneng ?
Nguwasi pak guru kabingungan
Agolek siswo kang iso dijak lomba
Adus keringet polahe
Aku ora percoyo
Tapi iku kawujud nyata
Aku entok caraka melu
Nanging aku cilik athine
Pesen-pesen kang diowahi
Sembah sungkem marang wong tuo
Sabar sareh mesti bakal pik oleh
Guneman guruku kang nrenyuh athi
Dino kang dak enteni
Kepanjen sana pabaratan iki
Nambah aku ora due athi
Tapi cuba mantepake athi
Masio akhire yo mung sio-sio
Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput
Tapi akeh pelajaran kang dak petik
Mulai teko usaha lan ora nyerah
Pesen kang guruku unekne
Ojo dumeh menang
Banjur tumindak sawenang-wenang
Kan mantep ajero athi
Tapi guruku cepet ninggalno kito
Guruku uwis puput yuswa
Udan tangis banjiri kahanan
Tapi jasane ora bakal tak lalekno
Tak wasi wus kablebet kain kafan
Wus di jumblungake ing jero lemah
Wus ora bisa maneh nguwasi
Moto wes ora biso melek
Lambe abot anggawe ngomong
Pucet raupane
Slamet tinggal…
Mugo-mugo kito iso ketemu ing suwargo