ASAL USUL DESA KEBONAGUNG

0
2545

Nalika jaman mbiyen ana sawijining tlatah Sumowono kang awiket saka sisih kulon Dusun porot, sisih kidul Desa Wono kerso. Sisih wetan desa Sedaono lan sisih lor dusun Njlegong. Tlatah kang awjud kebon ombo, subur lemahe lan maneka wanra tandurane lan wit-witane. Kira-kira ombone tlatah iku kurang luwih 10 Km lan ing tengahe kebon subur iku ana legokan kang awujud kedung ombo sing duweni banyu bening.

Warga sekitar ing kedung iku seneng tetanduran lan ngingu kewan ternak. Kewan kang akeh diingu lan kanggo ngrewangi tetani yaiku kebo. Sakwise ngrewangi tani kebo mau diumbar supaya ngolek pangan lan diadusi ing sakpinggire kedung. Kejaba banyu kedung kanggo kabutuhan kewan ternak uga kanggo kabutuhan tanduran warga.

Kedung iku sak dawane taun lan sak dawane windu ora bakal asat banyune yaiku agung terus. Ing mangsa ketiga ora bakal asat lan surut, mula para warga tetani terus ora tau leren. Kanti kasil tetani kang morah mareh warga urip cukup ora ana sing kekurangan.

Saben taun penduduke tambah akeh, mula dadi pedesaan. Ing sasi rejeb dina rebo lagi, kira-kira 200 taun kapungkur warga nganakake rembugan lan kesepakatan kanggo jenengi desa kang dijubuk saka kahanan alam arupa kebonan ombo, banyu agung ora tau asat, warga seneng ngingu kebo akeh, kasil tani akeh banget mula warga sepakat jenengi tlatah iku “Desa Kebonagung”. Mula nganti saiki saben taun dipengeti merti dusun ing sasi rejeb dina rebo legi.

Dening : Citta Satya Pertiwi
SMPN I Sumowono klas VIII C